Khotbah Idul Fitri; Makna Idul Fitri dan Pentingnya Makanan Halal

Oleh: Alfan Maghfuri

Disampaikan pada Salat Hari Raya Idul Fitri 1444 H, di Masjid Al-Abror Dusun Malebo, Desa Simorejo, Kec. Kanor, Bojonegoro

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
٩× اَللهُ أَكْبَرُ
لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ، الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِيَافَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ .أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ الأَنبِياءِ و المُرسَلِين. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، 

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ و قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّـهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّـهَ ۚ إِنَّ اللَّـهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ

Jamaah salat idul fitri rahimakumullah

Wonten ing awal khotbah nki, mangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun maringi kita pinten-pinten kanugerahan lan kanikmatan, salah setunggalipun nikmat engkang paling ageng, inggih puniko nikmat sehat jasmani rohani sehinggo kito sedoyo saget ngelampahi siyam Romadhon setunggal wulan nutuk, ndalunipun salat tarawih, salat witir, tadarrus Al-Qur’an saha ibadah lintu-lintune. Langkung langkung ing injing meniko kito taseh pinaringan yuswo panjang sahingga saget menangi malih dinten riyadin Idul Fitri kanti kebak kabingahan lan kebahagiaan mboten kirang setunggal punopo. Kanikmatan ingkang agung puniko sampun sak pantesipun kito syukuri kanti waosan alhamdulillahi rabbilalamin.

Selajengipun, melalui mimbar khotbah nki, kulo ugi wasiat dateng awak kulo piyambk khususipun, lan poro jamaah sedoyo umumipun, monggo kita terus menerus berusaha nambahi taqwa lan ta’at kita dateng Allah SWT, kanti ikhtiyar amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, ugi nilar soho nebihi sedoyo awisanipun. Kanti usaha-usaha wau, mugi-mugi gusti Allah SWT kerso nampi amal ibadah kito ingdalem ulan Ramadan, lan mugi-mugi kito sedoyo kalebet golonganipun tiang-tiang engkang angsal ridhonipun gusti Allah SWT. Amin Amin Ya Rabbal Alamin 

Ma’asiral Muslimin wal Muslimat Jamaah salat idul fitri rahimakumullah

Dinten riyadin idul fitri miturut salah setunggalipun ulama tafsir saking Indonesia, Prof. Muhammad Quraish Shihab, niku asalipun saking bahasa Arab, inggih kata meniko iidun lan fitrun. Kata iidun saget dimaknani balik utawo wangsul, lanjeng fitrun saget dimaknani keadaan asal utawo fitroh. Makna nki dipendet saking dawuhipun Nabi Muhammad SAW :

كُلُّ مَوْلُوْدٍ يُوْلَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ

Saben-saben kang lahir nku dilahiraken wonten ing kondisi fitrah.

Tiang ingkang nembe lahir pasti taseh suci mboten gadah doso punopo. Umat Islam wonten ing dinten idul fitri nki mirip kalihan tiang ingkang nembe dilahiraken malih, sehinggo resik saking duso kang sampun dilampahi. Duso-duso kalihan Allah sampun diresiki wonten ulan Ramadan lan duso-duso kalihan sesama diresiki kanti saling maringi pangapuro wonten ing dinten riyadin nki.

Selain nggadahi makna wau, kata fitrun ugi saget dimaknani buko saking poso utawo dahar malih. Kados kasebat wonten ing doaipun pas buko

اَللّهُمَّ لَكَ صُمْتُ وَبِكَ آمَنْتُ وَعَلَى رِزْقِكَ أَفْطَرْتُ

Lafad afthartu nku satu asal kata kalihan fitrun, manknanipun buko. 

Saking makno wau, riyadin Idul Fitri nki ugi saget dimaknani riyadin kangge dahar malih sak ba'donipun nglampahi poso. Sebab, wonten ing dinten idul fitri nki sedanten tiyang Islam kedah dahar lan mbotn angsal nglampahi poso. Bahkan kangge tiang-tiang engkang gadah dedaharan kang langkung kangge mangsa sedinten suwengi, mongko wajib ngelampahi bayar zakat. Saking zakat kolo wau lajeng di paringaken dateng tiang-tiang engkang berhak, supados naliko riyadin nki mboten wonten poso utowo mboten wonten engkang mboten saget dahar. Pramilo zakate nku wau disebut zakat fitrah, zakat kangge jamin sedanten tiang-tiang islam supados saget dahar wonten ing dinten riyadin idul fitri.

Jamaah salat idul fitri rahimakumullah

Meskipun wonten ing riyadin idul fitri nki mbotn angsal ngelampahi siyam utawi kedah dahar, tapi mboten berarti sedanten saget didahar. Tiang Islam kedah merhatiaken nopo kang di dahar wau supados mboten ngelanggar aturan Islam. Gusti Allah dawuh wonten ing Alqur'an, salah setunggalipun wonten ing surat Al-Baqarah ayat 168: 

يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ  إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ

Hee poro manungsa, dahara siro kabeh nopo-nopo kang wonten ing Bumi ingkang halal lan sae. Lan ampun ngantos ngikuti langkah-langkahe setan. (Q.S. Al-Baqarah 168)

Ayat niki wau ngangge lafad nida’ utawa panggilan, inggih meniko Ya Ayyuhannas.  Wonten salah setunggalipun mufassir ingkang nate bahas nidaul qur’an utawa panggilan Alquran kangge poro manungsa niki. Beliau nuli jelasakan bilih panggilan Ya Ayyuhannas niki ten Alquran totalipun wonten Kalih Doso. Ya Ayyuhannas kang sepindah wonten ing surat Al-Baqarah ayat Kalih Doso Setunggal jelasaken perintah kangge nyembah pengiran, lan Ya Ayyuhannas kang kaping kalih inggih puniko ayat kolo wau kang merintah poro manungsa kangge dahar kang halal lan sae.

Ingkang menarik, mufassir wau nuli jelasakan ngangge ilmu Munasabatil Ayat, utowo ilmu engkang bahas hubungan setunggal ayat kalih ayat lintune, sakba’done Ya Ayyuhannas sepindah kang merintah kangge nyembah pengiran wau, Ya Ayyuhannas kang kaping kalih niki justru langsung bahas tentang dedaharan. Maknanipun nopo? Kualitas tiang ingkang ibadah, nyembah gusti Allah utowo amal-amal soleh lintunipun, niku bergantung sanget kalihan kualitas dedaharane. Sehinggo umpami kito ngelampahi ibadah, nanging dedaharan kang di dahar barang haram, ibadah kito dikhawatirkan mboten di tampi kalih Allah SWT. 

Peringatan Nabi Muhammad luar biasa sanget tentang dedaharan niki, Nabi nate Dawuh: 

مَا نَبَتَ مِنْ سُحْتٍ فَالنَّارُ أَوْلَى بِهِ

Daging kang tumbuh saking barang kang haram, mangka neroko langkung berhak senajan piyambake ta’at nanging dedaharane barang kang haram. Naudzubillah min dzalik.

Jamaah salat idul fitri rahimakumullah

Islam merintah umatipun nebihi dedaharan kang mboten halal sebab saget dugiaken pinten-pinten bahaya. Rasulullah SAW nate pesen marang salah setunggalipun sahabat

يَا سَعْدُ أَطِبْ مَطْعَمَكَ تَكُنْ مُسْتَجَابَ الدَّعْوَةِ، وَالَّذِي نَفْسُ مُحَمَّدٍ بِيَدِهِ، إِنَّ الْعَبْدَ لَيَقْذِفُ اللُّقْمَةَ الْحَرَامَ فِي جَوْفِهِ مَا يُتَقَبَّلُ مِنْهُ عَمَلَ أَرْبَعِينَ يَوْمًا  

Hee Sa’ad, ndadosaken sae panjenengan ing dedaharan, mongko bakal diterimo doa-doa panjenengan. Demi Allah, yekti tiang kang dahar sakpulukan barang kang haram, mangka mboten ditampi amal ibadahe sekawan doso dinten. 

Saking hadis wau saget kito pahami sareng bilih dedaharan kang mboten halal saget dadi sebab doa mboten mustajab dan amal ibadah kang mboten ditampi. Sehinggo menawi kito sedoyo pingin doa-doane gampang terkabul, mongko kedah nebihi sanget saking dedaharan kang mboten halal. 

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Mugi-mugi Allah SWT maringi kito sedoyo kekuatan kangge nebihi sedanten perkawis kang dilarang agama, sehinggo kito sedoyo termasuk tiang-tiang engkang kembali suci, mboten gadah duso ing riyadin niki lan seterusipun. Aamiin Yaa Rabbal Aalamin.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ، اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ الله لِى وَلَكُمْ، وَلِوَالِدَيْنَا وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


KHOTBAH KE DUA

 اَللهُ أكْبَرُ×٥

لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَحْدَه صَدَقَ وَعْدَه وَاَعَزَ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْاَحْزَابَ وَعْدَه وَلَا حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ اِلَّا بِالله. اَلَّلهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّم عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَاحِبُ كَنْز الرَّحْمَة وَعَلَى آلِه وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاه، 

اَمَّا بَعْدُه. فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوْا اللهَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.  قاَلَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ وَالعَصْرِ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِى خُسْرٍ اِلَّا الذِيْنَ آَمَنُوْا وَعَمِلُوْا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. 

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالاَمْوَاتِ، اللّهُمَّ اَعِزَّ الْاِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَاهْلِكَ الْكَفَرَةَ وَالظَّالِمِيْن. اللهُمَّ لَا تَسلط عَلَيْنَا بِذُنُوْبِنَا من لَا يُخَافَكُ وَلَا يَرْحَمُنَا. اللهُمَّ اجْعَلْ بَلْدَتَنَا اِنْدُوْنِيْسِيَا بَلْدَةً طَيِّبَةً تَجْرِى فِيْهَا اَحْكَامُكَ وَرَسُوْلُكَ، بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. 

فَيَا عِبَادَ الله اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحَسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلِذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.


Sumber: Risalah Khotbah

Lebih baru Lebih lama